heh yayi sanak-sanakmu
sagunge kang para raja.
24. Padha jejaluk ing mami
kenaa salah paningal
lawan balanira kabeh
lamun ana lilanira
kang garwa matur nembah
inggih wonten saratipun
yen estu arsa umiyat.
25. Sampun gepok sampun jawil
upami jawil gepoka
inggih nunten boten katon
nunten tuwan undhangana
sagunge bala manungsa
Wong Agung mesem lingnya rum.
marang Arya Tasikwaja.
26. Kakang undhangna para ji
delinge yayi Ismaya
iya aja na anggepok
anjawil miwah dumuka
mring jin bala Ngaierak
dening kewala andulu
yayi Dewi mengko lila.
27. Sandika aturireki
mundur Arya Tasikwaja
angundhangi para katong
sadaya wus ingaweran
parentahe Sang Retna
Ismayawati puniku
kinen dedulu kewala.
28. Sandika sagung para ji
inggih mung nuwun sapangat
keniya mung sapandulon
rempeg ture para raja
157