14. Wus tata sagung wadya jin
Wong Agung ngundhangi bala
sagunging kang para katong
sawadyane ingundhangan
sami ngangge kamulyan
sartane geganda arum
wus samekta budhalira.
15. Kinantha lampahing baris
sagunging kang para raja
agolong tan kena awor
yayah akasa kumala
pratiwi kembang-kembang
wadya jin samya dedulu
lampahe kang para nata.
16. Kadya trunaning jaladri
cingak wadya jin kang mulat
kathahe kang para katong
miwah asrining busana
setengah ana ngucap
marmane Wong Agung iku
tan karasan neng Jabalkab.
17. Samene gunge wadya ji
lan asih ing balanira
marang sagung para katong
samana wus amet papan
bala angering nganan
baris jro pacara sampun
muntab lir giri pawaka.
18. Wong Agung aneng turanggi
sinongsongan tunggul naga
asri gumuruh swarane
wadya jin wus ingundhangan
kang samya ngawang-awang
sadaya kinen tumurun
wus celak Sang Kakungingrat.
155