Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. Wau kang anambut kardi
sakathahe para raja
ing tigang dina urmate
samekta sakalirira
pethetan kembang-kembang
asri anurut tetarub
saben sasaka kinembang.

10. Miwah tetuwyhan jawi
toya munggeng ing jong mirah
gedhah seta gedhah ijo
wungu dadu isi toya
ngubengi pasamuwan
singangsana saka sewu
abra palingsir dipangga.

11. Makethi laras kumitir
asewa raga kumala
arerawis sutra jene
sutra jo tetirah abang
asri ing wangunira
tuhu tan kena winuwus
renggane kang pasanggrahan.

12. Warnanen patih Sanasil
wau nalika dinuta
katur sasolah-solahe
yen kang raka esmu suka
bingar katareng netya
jawining kitha pukulun
saos pakuwon rinengga.

13. Sukeng tyas sang Raja Putri
mangkana jangkeping dina
sang Raja Putri budhale
jujug taratag wangunan
prapta suka tumingal
wadya jin peri andulu
pakuwon kinembang-kembang.

154