Sangkelat miwah taluki
kuning dadu ijo abang
sutra-sutra lan malihe
sagunging kang para nata
karyaa sowang-sowang
lan padha mutera gupuh
pepethetan kembang-kembang.
5. Den abanjeng urut margi
sajroning tarub sadaya
sesaka kinembang kabeh
sukaning jim parayangan
marang wewangi padha
sandika kang para ratu
ature nuwun sapangat.
6. Ing Gusti Paduka Amir
anuwun berkah paduka
yen kenginga sapandulon
sadayarsa ningalana
dhateng jin kang minulya
Wong Agung mesem lingnya rum
ingsa Allah kaya kena.
7. Sun jaluk ing Yayi Dewi
manawa kapareng iya
sigra sagung para katong
budhal samya nambut karya
marang jawine kitha
gumuruh sabalanipun
karya teratag wangunan.
8. Wau ta Sang Jayengmurti
sampun kondur angandhatyan
warta ing para garwane
yen badhe arsa tamiyan
putri jin ing Ngajerak
kang garwa samya mituhu
asaos rakit sugata.
153