Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

X. Wadya Arab kepingin sumerep jin

Asmaradana

1. Wus mesat patih Sanasil
Sang Jayengmurti ngandika
marang sagung para katong
heh ta kabeh wruhanira
ana jin badhe prapta
Yayi Ismaya kang rawuh
iya gawa putraningwang.

2. Nini Retna Kuraisin
atentinjo marang ingwang
tanpa wilangan balane
para ratu jin Ngajerak
ngiring Yayi Ismaya
heh sakehing para ratu
akaryaa pasanggrahan.

3. Tilas pakuwone kapir
jaban kutha papan jembar
rereged singgahna kabeh
bangkene larungen samya
iya marang bengawan
dene kang tetarub agung
rengganen busananana.

152