Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/150

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kang binekta sami
lan balaning ibu.

11. Pan satus yuta bala Kuresin
kang paman kang among
Raden Sadatsatir panutane
balaning ibu patih Sanasil
ingkang angemongi
tanpa wilis agung.

12. Dewi Ismaya marek ngabekti
ing rama sang katong
myang kang wayah ngujung mring eyange
nateng Ngajrak angandika aris
Ismaya nak mami
akeh becikipun.

13. Sira tinjo mring rakanta Amir
lawan putuningong
padha suka amulat cahyane
pan iya mawa kitmat sawiji
lakinira Amir
ing jagad pinunjul.

14. Putra wayah sawusnya ngabekti
saha bala bodhol
munggeng singangsana retna gene
ingiberaken para putri jin
parayangan peri
kang samya amikul.

15. Pira-pira pangayap putri jin
angubengi golong
punggawane pan adoh enggene
wuri ngarsa pan samya atebih
kang amangku baris
ing gegaman agung.

148