Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

IX. Dewi Ismaya sowan Wong Agung

Mijil

1. Kuneng risang Amiril Mukminin sawadya pra katong wus kapanggih kang bebujung kabeh Raja Hirman miwah ratu Jobin ngungsi ing Kaswiri Sang Raja Sanjahur.

2. Sang Jayengmurti sawadyaneki kondur marang Kaos sukan-sukan sawadya puniki kathahing pepati myang dohing pambujung.

3. Ing nagri Kaos wus tentrem malih tanana pakewoh mengsah sampun tebih panggenane dennya ngungsi mring nagri Kaswiri Hirman ratu Jobin kuneng kang winuwus.

4. Kadya ingkang carita mangsuli nalika kataton aneng Bukit Surukan enggene saben dalu kinemit ing ejin jin Ngajerak sami yen dalu atugur.</poem>146