39. Ingkang samya prajurit munggeng turangga
wau murdanireki
Bahman tiningalan
Wong Agung angandika
eman temen ratu iki
agung prakosa
cacade kurang budi.
40. Nora nana pangandel kurang micara
miwah turangga iki
ya si Kalisahak
dene nora kayaa
tetinggale luhur mami
pan Nabi Iskak
ngendi antuk ngulati.
41. Pan Wong Agung karuna nangisi kuda
wus kinen ambeciki
winot ing bandhosa
pinetak ing nagara
sarta kinen anyungkupi
sampun binekta
marang Kaos nagari.
42. Yata wau sagunging prajurit Arab
satriya pra dipati
ing aprang kang samya
anglud bebujung mengsah
ingkang lelakon salingsir
miwah sadina
akeh antuk pepati.
43. Lawan akeh kang samya antuk jarahan
boyongan kang ngaurip
myang kang antuk sirah
ing raja lan satriya
punggawa kang den tigasi
katur sadaya
mring kang angraras ati.
145