24. Datan kena rinehken gunging pepejah
tan kena yen binudi
mung walla huaklam
Allah kang luwih wikan
ngawruhi gunging pepati
kang mungsuh dhadhal
sakarine kang mati.
25. Raja Hirman dhingini palayunira
lawan sang ratu Jobin
Bahman wurinira
Dyan Maryunani mulat
gya ngebat kuda mututi
Sang Raja Bahman.
sigra nabet turanggi.
26. Pan anginthar sinander untap-untapan
Raden Umaryunani
kasandhung ing Bestak
lemes den idak-idak
Raden tan arsa mateni
mring patih Bestak
mung Bahman ingkang pinrih.
27. Saparane Raja Bahman dipun ambat
kalingan katon malih
sinander anilab
yen kang ngalingi raja
miwah satriya bupati
sinabet pedhang
wong cilik den liwati.
28. Pan samarga keh kacandhak balanira
Raden Umaryunani
sanadyan satriya
yen nungkul inguripan
kang umiring Maryunani
para satriya
samarga memateni.
142