9. Lindhu awor mabyungan arebut papan
nebah-nebah kabalik
sagung para raja
satriya myang punggawa
numpes mengsah nganan ngering
ngambah angidak
pati sungsun atindhih.
10. Gora riwut siwat-siwut kang sesawat
palencuting jemparing
larape kang pedhang
sumirating baskara
tanpa rungyan ing ngajurit
mawur liweran
kuwur kawuran sami.
11. Ramening prang kadya belah kang akasa
pratiwi gonjang-ganjing
rag-reg kang parbata
yayah lir gumuntura
saking ramening ngajurit
rok-ruket samya
busekan silih ungkih.
12. Lali kadang gusti lali ing kawula
kawula lali gusti
anak lali bapa
bapa lali ing anak
gumrah sambating akanin
turangga liman
peluk akeh ngemasi.
13. Bala Ngarab kadya krunaning reksasa
ditya sayuta kethi
kontrak mamrih mangsa
angamah samodreng rah
Raja Puldriyan ngemasi
sang rajeng Selan
ingkang marwaseng bindi.
139