Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sigra bala Ngarab
kabeh prajuritira
anitih turangga esthi
barang titihan
kabeh wus den titihi.

5. Umarmaya Maryunani Raden Maktal
pareng dennya ngabani
sigra sareng mangsah
samya nyamethi kuda
para ratu angawaki
sapunggawanya
satriya para mantri.

6. Tri gumuruh surak pareng dennya nunjang
barise wadya Kapir
kagum gugup mangsah
sawusnya tempuh ing prang
Rahaden Maktal nulya glis
tunggule sigra
pratandha wus pinuntir.

7. Wus umangsah Lamdahur sabalanira
Raden Umaryunani
duduk wus binuwang
Tamtanus sigra mecah
angering angirid baris
Dyan Umarmaya
ngulukken topong aglis.

8. Umarmadi wus mecah gegamanira
ngelar wus angelebi
barise Wong Arab
nangkebi mamrih papan
busekan ramening jurit
kadya prahara
ruhara mobat-mabit.

138