Kaca iki wis divalidasi
VIII. Kalisahak pejah wonten ing paprangan
Durma
1. Wus andadi baris Arab gelarira
nenggih Sulupiyatin
sampun amartiga
Marmaya Raden Maktal
tiga Raden Maryunani
panggenanira
Wong Agung Jayengmurti.
2. Ing wurine satriya ing Parangteja
sagung para putra ji
ngayab Sri Bathara
Prabu Kobat Sarehas
wurining rama geneki
wusnya mangkana
mungsuh duk aningali.
3. Samya cingak de wong Arab karya gelar
nenggih Sulupiyatin
dadya kasalepak
arsa animbangana
Wong Agung parentah aglis
age mangsaha
iya trajangen dhingin.
4. Nora antuk duraka nyuda prawira
wong cidra den dhingini
137