43. Wong Arab kunane iya
tan kena linawan tandhing
yen ora lawan cinidra
iya adate bilahi
prang Bakdiyatar nguni
ugi prang Pademis kang wus
bilaine ya mangkana
becik cinidra ing jurit
apa dene Raja Bahman Prabu Hirman.
44. Ing dalu datan winarna
ya ta kawuwusa enjing
muni tengaraning yuda
kendhang gong gurnang lan beri
teteg mawanti-wanti
Wong Arab barise metu
kadya samodra bena
belabar datanpa tepi
amberanang kadya girindra pawaka.
45. Wong Agung sampun alenggah
ing wijohan palowani
Bathara Kobat Sarehas
lungyeng ing ampuran rukmi
banjeng para narpati
akapang kalangan tepung
wau Sang Prabu Hirman
lan Bahman Parisdan Jobin
Raja Sulbi Puldriyan lajeng kekirab.
46. Wus pepak kapraboning prang
ing papan sampun miranti
wong kapir tanpa wilangan
tengara gumuruh atri
kadya belah kang bumi
gora reh guntur-gumuntur
mungsuh kalawan rowang
mempeng kasuran pra sami
pangajape ing prang tan nedya mundura.
136