Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

39. Tunggul ingkang samya risak
sadaya wus den salini
ratu kang nenem punika
juru pamiseseng jurit
kanem Umaryunani
kang binage para ratu
kabeh wus sinung tandha
aju undure kang baris
satriyane miwah punggawane samya.

40. Marmaya pratandhanira
yen buwang topongireki
barise nulya amecah
pratandhane Maryunani
yen buwang duduk nenggih
pamacahe barisipun
Wong Agung Parangteja
yen tunggule den palintir
pan ing kono jangjine kang baris mecah.

41. Dene mungsuh kang den arah
wus samya sinagi-bagi
Dyan Maktal Prabu Hirman
Umarmaya prabu Jobin
Raden Umaryunani
Bahman pan bubuhanipun
pan wus dadya sadaya
sakathahe kang pinikir
prapteng dalu wong Agung lajing kasukan.

42. Kuneng wau winursita
Raja Bahman ratu Jobin
Puldriyan Sulbi Parisdan
miwah sagunging narpati
sadaya wus miyarsi
praptane sang Jayengpupuh
saking Bukit Surukan
ratu Jabin lingira ris
lamun benjang medal ginarubuh ing prang.

{[right|135}}