35. Agelara Asnapiat
yen mangsah Sulupiyatin
Arbangu kamsatupiat
Sabtuhu Sabngupiyatin
dene ingkang nindhihi
papanthane baris iku
Yayimas Parangteja
Marmaya Umaryunani
yen martelu wong telu iku kawasa.
36. Yen dadi Arbangupiyat
manjinga Prabu Serandil
yen dadi Kamsatupiat
manjinga Prabu Marmadi
yen Sabtahupiyatin
manjing yayi Tamtanus
poma den eling padha
Sulupiat dadi wiwit
Maktal Maryunani katiga Marmaya.
37. Yen mranem Sang Prabu Yunan
kang kawasa angreh baris
sampun mupakat sadaya
sagung kang para narpati
Sulu kinarya dhingin
para ratu pinartelu
Marmaya Raden Maktal
katiga Umaryunani
pan kaduman ratu ngalih ewu sowang.
38. Kang nunggil Ki Umarmaya
nenggih Sang Prabu Kohkarib
kang nunggil Rahaden Maktal
Prabu Lamdahur Serandil
kang nunggil Maryunani
sira Sang Prabu Tamtanus
yen mangsah sami mangsah
tigang pantha samya malih
amet para ratu ngalih ewu sowang.
134