Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

31. Kondur mring Kaos nagara
sawadya bala umiring
ing marga datan winarna
ing pabarisan wus prapti
wau kang garwa kalih
kinen lajeng angadhatun
Wong Agung mring paprangan
lan para ratu wus panggih
ingkang samya kinen tunggu pabarisan.

32. Ngabekti angraup pada.
mangkana Sang Jayengmurti
munggeng ing tarub wangunan
siniweng para narpati
gunem masalah jurit
matur ingkang para ratu
Gusti bantuning mengsah
dereng pegat ingkang prapti
srayanipun Jobin lawan Raja Bahman.

33. Miwah ta rayi paduka
sarayane kathah prapti
inggih Sang Bathara Hirman
Wong Agung ngandika aris
ing mengko karsa mami
sakehing kang para ratu
iya salina gelar
gelara Sulupiyatin.
paran kono yayimas ing Parangteja.

34. Miwah kakang Tasikwaja
lan sutangong Maryunani
myang para ratu pangarsa
sadaya samya tinari
gelar Sulupiyatin
pepanthane pinartelu
lamun mangsah dadiya
gelar Arbangupiyatin
yen aliyan ngasokken ing wadyanira.

133