Yen upama tinimbanga
Prabu Sahsiyar donyaki
kalawan ratu adagang
patang puluh para aji
lamine dennya grami
iya patang puluh tahun
pan maksih kathah uga
donyani Sahsiyar nenggih
karatone pan sedheng -sedheng sadaya.Nora pati yen kariya
nora pati angungkuli
lawan para ratu kathah
abebala patang kethi
ingkang warna prajurit
wolung leksa wolung ewu
kasrusra jagad raya
yen ana wong angon kambing
wus kinarya raja mring Sang Kakungingrat.Nagrine Bukit Surukan
mangkana Sang Jayengmurti
pisungsunge para raja
wus arang kang samya prapti
Wong Agung Jayengmurti
paring wedhus pitung puluh
lawan kang angon pisan
lan arta pitung yuteki
jurubeya ingone akarya kitha.Manjing ratu sinudara
mring Wong Agung Jayengmurti
lungguhe Prabu Sahsiyar
apan ta nora sumiwi
yen ora den timbali
kinadang-kadang ingugung
ratu isen wijohan
palowanu den paringi
wus mangkana pamit risang Kakungingrat.
132