Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    ana ing Bukit Surukan
    leskare pan wus sakethi
    ing pitung dina malih
    pisungsunging para ratu
    sangsaya tumpa-tumpa
    malah ingkang pra dipati
    lan satriya sadaya dhatengken nadar.

  1. Antara sapuluh dina
    pitung dina kaping kalih
    cinacah malih kang prapta
    sampun antuk kawan kethi
    lan wolung leksa malih
    wolung ewu wolung atus
    brana matumpa-tumpa
    dandanan karya nagari
    Ki Sahsiyar sampun ingadegken raja.

  2. Yen upami tinimbanga
    cinaritakaken nenggih
    dening kang alul carita
    ing Bukit Surukan mangkin
    lawan nagari Tarkis
    katimbanga arjanipun
    nanging donya kapara
    kathah ing Surukan ugi
    apan sampun masang kaparabon Sahsiyar.

  3. Saking gunging kanugrahan
    nira Sang Surayengbumi
    ibune sinung peparab
    anenggih Umi Sultani
    lire Umi Sultani
    pan tegese ratu ibu
    arja sami sawulan
    Mendhang Surukan nagari
    sangkep sampet sabusananne ngayuda.

131