Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    kajawi kang rajabrana
    turangga unta lan kuldi
    lawan kang angon sami
    peparinge para ratu
    nalika pitung dina
    cinacah leskarireki
    apan sampun kawan leksa kawan nambang.

  1. Wong Agung alon ngandika
    Sahsiyar sun karya mantri
    den kadi mantri sadaya
    mangkana tan kendel prapti
    sagung para narpati
    ing wuri andina rawuh
    ingkang tan kena ngundhang.
    parandene samya prapti
    yayah kadya anadari gustinira.

  2. Ana nyalawe nyadasa
    leskar jalu lan pawestri
    tanapi kang rajabrana
    tan pegat andina prapti
    sinungsung ing para ji
    mas retna busana luhung
    miwah kapraboning prang
    myang dandananing nagari
    kadya ngimpi Sahsiyar lan ibunira.

  3. Duk ing pitung dina engkas
    cinacah sampun sakethi
    Sahsiyar kawulanira
    kawula jalu lan estri
    rajabrana anggili
    tinumpuk angundhung-undhung
    Wong Agung angandika
    mring sagung para narpati
    si Sahsiyar leskare sangsaya katah.

  4. Pan ing mengko si Sahsiyar
    sun adegaken bupati

130