ingsun iki utang urip
marang Sahsiyar iki
iya sun aku sadulur
ibune si Sahsiyar
iya ingsun aku bibi
aweweha padha sakuwasanira.
Miwah yayi karo sira
mangkono parentah mami
Retna Muninggar ngandika
bibi tutugena ugi
gonira gawe becik
ingsun milu ngaku biyung
andheku nini randha
angling rajaputni Mesir
iya ingsun bibi mily ngaku biyang.Sang putri kalih utusan
miwah sagunging para ji
pra samya ngambil barana
utusane raja putri
ingkang prapta rumiyin
dinar pitung atus pikul
pan pitung puluh yuta
paparinge Muninggarin
putri Mesir paring patang puluh yuta.Kajawi wastra busana
peparing saking sang putri
miwah inten lan pakaja
mutyara nila widuri
utusane para ji
ana prapta ana durung
nenggih kang sampun prapta
paringe ratu pangarsi
pan anyatus wong estri kalawan priya.Kalawan sanjatanira
leskar kang saking para ji
129