Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    sawusira ngabekti
    samya nebih dennya lungguh
    dheku kang para raja
    tan dangu gumrah ing jawi
    praptanira Muninggar Sekar Kadhatyan.

  1. Wus tedhak saking dipangga
    sira rajaputri kalih
    gurawalan manjing wisma
    nungkemi pada sru anjrit
    kathah sesambatneki
    sang rajaputri Medayun
    miwah sesambatira
    sira rajaputri Mesir
    nyai randha gegetun kaya matiya.

  2. Dene ta sewu tan nyana
    yen puniku Jayengmurti
    pangakune pan satriya
    satriyane Jayengmurti
    arane Sayid Sami
    iki jebule ngendhukur
    Wong Agung Kakungingrat
    bisa temen angalingi
    nyai randha kekes rumab ajrih perak.

  3. Miwah sira Ki Sahsiyar
    anjenger tan bisa angling
    kamitenggeng solahira
    sangsaya gung ratu prapti
    gantya sami ngujungi
    Sahsiyar lan ibunipun
    kesah-kesah tan kena
    kinen tetepa alinggih
    parek munggeng ngarsane Sang Kakungingrat.

  4. Ngungkuraken para raja
    Wong Agung ngandika aris
    heh sagunging para nata

128