nanging sakiduling gunung
alit enggening dhekah
gumuruh turangga esthi
Ki Sahsiyar lan ibune samya maras.
Duk praptanira Marmaya
Sahsiyar anuju sepi
lah ibune kakerapa
jejanganan anyaosi
kuluban Sayid Sami
mangkya prapta gupuh-gupuh
ni randha prapteng ngarsa
dhuh sutengong Sayid Sami
ana baris marene tanpa wilangan.Manawa ta iku mengsah
angling Raden Sayid Sami
bibi kadi dede mengsah
mokal uninga ing ngriki
ewa mekoten bibi
inggih sapuluh-sapuluh
kalamun tuhu mengsah
ing pundi gene gumingsir
lara pati mangsa kena singgahana.Ni randha alon lingira
heh Sahsiar anak mami
atungguwa kakangira
Sahsiyar ngadhep tan tebih
wau kang prapta dingin
Maryunani lan Lamdahur
lawan Sang rajeng Yunan
miwah Prabu Umarmadi
sakadange andhingini praptanira.Manjing jro marek tur sembah
samya ngraup pada nangis
gumuruh kang para raja
miwah Raden Maryunani