iya padha mangkata
ingsun ingkang tunggu baris
sigra Raden Maryunani nitih kuda.
Umangkat sabalanira
kang samya nitih turanggi
Lamdahur wus nitih liman
miwah sagunging para ji
gumredeg rebut dhingin
wau Ki Umarmayeku
sampun manjing kadhatyan
panggih rajaputri kalih
katur lamun kang raka aneng Surukan.Gumeder sajroning pura
kang samya nahen prihatin
mengakaken lawang suka
Retna Muninggar lingnya ris
heh yayi putri Mesir
payo nuli age nusul
marang Bukit Surukan
aja na kang nitih esthi
ingsun nitih liman bae dimen enggal.Busekan samekta budhal
Rajaputri Muninggarim
pinelak dipangganira
miwah rajaputri Mesir
wus samya nitih esthi
parekan lan inyanipun
sadaya nitih kuda
Muninggar pawonganeki
kawan ewu sadaya anitih kuda.Wau ta kang kawuwusa
sagung kang samya ngriyini
ingkang para putra lawan
para ratu sampun prapti
bebungasing wanadri
126