Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VII. Wong Agung Kondur dhateng Kaos

    Sinom
  1. Ing marga datan winarna

    lampahe Marmaya prapti
    pasamuwan bala tantra
    lagya yun-ayunan jurit
    Umarmaya sesirig
    kagyat sagung para ratu
    rinubung Umarmaya
    pra samya tetaken warti
    Marmaya ngling pan maksih ana agesang.


  2. Aneng gunung alit kana
    ing Mandhang Surukan nenggih
    kanine pan wus waluya
    kari lesune kang maksih
    ya ta sagung para ji
    tangara pangluwar wuyung
    juru kedhang sadaya
    salin panabuhe sami
    pratandhane yen mari prihatinira.

  3. Wus ayem dening pawarta
    Umarmaya muwus aris
    heh sagunging para nata
    satriya miwah bupati
    Sapa arsa udani
    ing gusti sakarepipun

125