Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Miwah ta sang rajaputri
    kalihe diweng karuna
    Muninggar Sekar Kedhaton
    tan tolih tadhah anendra
    Wong Agung angandika
    ingsun kakang maksih lesu
    sira bae kang dhingina.

  2. Wartanana kang para ji
    apa misih rame aprang
    Sang Tasikwaja ature
    inggih maksih saben dina
    rame abanda yuda
    dereng wonten mendhanipun
    bantuneng mengsah gung prapta.

  3. Nanging rayi Tuwan prapti
    yayimas ing Parangteja
    kang Ungaran sabalane
    wadya ingkang saking Mekah
    sagung kang para nata
    mila wonten asrepipun
    mengsah sami darbe taha.

  4. Wong Agung ngandika malih
    lah uwis kakang den enggal
    matura ing yayi karo
    Muninggar Sekar Kedhatyan
    amit Ki Umarmaya
    sigra nampel wentisipun
    mesat tumruna lampahnya.

124