Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19. Cumeplong tyas Marmayeki
yen estu Sekarduwijan
turangga lumaku muleh
nolah-nolih lampahira
ngejepi Umarmaya
Ki Umarmaya tut pungkur
wurine Sekarduwijan.

10. Prapteng wisma berik-berik
muni pun Sekarduwijan
kadya weh sarat unine
yen prapta pun Umarmaya
kalihe kagyat mulat
Marmaya gupuh lumayu
amengkul pada karuna.

21. Wong Agung sigra nedhaki
angrangkul marang Marmaya
peluk-pineluk asuwe
sawusnya tata alenggah
Dipati Tasikwaja
medalken dhaharan sampun
saking kandhi kang sarwendah.

22. Anulya sami binukti
asuka Sang Kakungingrat
kadya riyaya pamine
salamine aneng ngarga
tan ana pepanganan
praptane Umarmayeku
kambon panganan nagara.

23. Umarmaya matur aris
suwawi nunten kondura
apan sagung para katong
sami kalangkung sungkawa
sinatru sekul ulam
toya tan mangsuk ing gulu
andina-dina karuna.

123