14. Kabentus ing kayu tangi
anjumbul Sang Tasikwaja
kendel mulat ngalor ngulon
ana marga teterusan
limit tilasnya kambah
anulya ningali banyu
wangan wening saking sendhang.
15. Tinurut amanggih ardi
ardi peputhuk kewala
ana marga beser-beser
ngampat wukir alit ika
wau Sang Tasikwaja
ayun wruh wekasanipun
ing wukir alit punika.
16. Prapta imbange kang wukir
katingalan ana wisma
siji lamat-lamat katon
karange maksih bebabal
tanggung durung tumruna
sajabaning pageripun
ana turangga memangan.
17. Umarmaya gya mrepaki
mata kapen kaya-kaya
angadhem-adhemi tyase
pinareriga kuda ika
kaya Sekarduwijan
Sekarduwijan andulu
ana janma siji prapta.
18. Kendel denira abukti
mulat sujalma kang prapta
yen Umarmaya yektine
gya muni Sekarduwijan
mapag marang Marmaya
banting-banting sirahipun
binantingaken ing lemah.
Kaca:Menak Kanin.pdf/124
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
122