Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. Angling Raden Sayid Sami
bibi punika gadhuhan
kudane Jayengpalugon
pan inggih anaking ditya
saking gunung Jabalkab
ibune peri puniku
manthuk-manthuk nyai randha.

10. Sangsaya kandel tyasneki
denira ngaken atmaja
nuju kalih aneng kebon
bebisik mring anakira
kulup dhedhayohira
nyata santanane tuhu
mring Wong Agung Kakuningrat.

11. Dene turanggane iki
ujare iku gadhuhan
saking si Jayengpalugon
pan iya anaking ditya
kuda saking Jabalkab
den becik sungkemireku
batine nyata bendara.

12. Gujeng Raden Sayid Sami
wuwusen Ki Umarmaya
kalaut-laut lampahe
manjing marang wana wasa
mulat lor kidul wetan
Ki Umarmaya andulu
ana marga teterusan.

13. Tan adangu cuthel malih
anjetung Ki Umarmaya
sarwi ambanda astane
angantuk-ngantuk lumampah
nemah Ki Umarmaya
sukur mati sukur idhup
adangu dennya lumampah.

121