Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nyai randha lon wuwuse
Sayid Sami sutaningwang
becik ameng-amenga
marang sajabaning wangun
sira mulata akasa.

5. Iya Raden Sayid Sami
aja kawewel tyasira
ambantoni ing enthenge
ya babo sariranira
watek wruh ing pepadhang
Wong Agung mesem anurut
ngenggar-enggar aneng latar.

6. Heh sutengsun Sayid Sami
yen wis bisa marang latar
nuli undhakna mring kebon
sayekti sangsaya rikat
nyawa Sariranira
bibi selot-selotipun
kang sarira maksih anggal.

7. Sutaningsun Sayid Sami
kudanira abanana
dimen memangan mring kebon
miwah jaban padhukuhan
enggoning suket kathah
laminira gerah iku
iya durung mangan-mangan.

8. Pijer tunggu ing sireki
lah ta nyawa jaran apa
iya jarwanana ingong
durung ana jroning praja
kang mirib kudanira
ingsun nyawa durung ngrungu
turangga grahita jalma.

120