Kaca iki wis divalidasi
VI. Umarmaya madosi Wong Agung
Asmaradana
1. Sahsiyar pan saben enjing
maragad menda satunggal
ingolah bubur surbane
dhinahar marang Wong Menak
enjang malih maragad
sawegira kawan dalu
nyai randha alon mojar.
2. Anakingsun Sayid Sami
adhahara kukuluban
mene ingsun kulubake
eletana dhahar menda
sira Wong mentas lara
manawa kaget nakingsun
abecik den uda-uda.
3. Angling Raden Sayid Sami
lah bibi sakarsanira
dimene enggal enthenge
gih bibi sariraningwang
mangkana pinareman
saben-saben wanci surub
apan inguyup-uyupan.
4. Kanine wus mingkem sami
Sarira pan meh tenggarang
119