Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dadi pitung puluh
nyai randha aturira
yen makaten pun bibi weruhna mangkin
ing nama pakenira.

25. Supayane kambing nenem nuli
sun aturaken ing pakenira
Wong Agung mesem ature
ya bibi araningsun
Sayid Sami sanake sami
Wong Agung Jayengrana
ingkang angadhatun
aneng ing Kaos nagara
satriyane bibi tegese wak mami
gegawan saking Ngarab.

26. Lega tyase ni randha miyarsi
osiking tyas pan iki santana
Wong Agung angreh ing kene
kalana Jayengsatru
setya tuhu asih ing dasih
apura marteng jagad
wewatekanipun
nyai randha sigra kesah
wedhusipun kenem binekta pra sami
katur ing ngarsanira.

27. Lah ta anakingsun Sayid Sami
tampanana kambing nenem iya
ing sakarsanira mangke
alon denira muwus
iya bibi tarima mami
Sahsiyar olahena
bubur surba ingsun
siji-siji sadinanya
dimen seger Sahsiyar sarira mami
Sahsiyar danasmara.

118