21. Enjangira Wong Agung lingnya ris
Sahsiyar yen maksih wedhusira
olahena bubur maneh
Sahsiyar nembah matur
darbek kula namung satunggil
pun ibu maksih gadhah
nenem kathahipun
Wong Agung kagyat ngandika
yen mangkono undangen ibunireki
panggiha lawan ingwang.
22. Ki Sahsiyar sigra amarani
ing ibune wus prapta ing wisma
ingirid prapteng ngarsane
Wong Agung ngandika rum
heh Sang Umi Sahsiyar nenggih
anedha dukanira
ingsun ngambil biyung
parlu sira mulasara
aturnya lon heh babo babo nak mami
mugi kalampahana.
23. Karsanira babo ngambil bibi
dene langkung saking sudra papa
tan pantes awor ing akeh
luwih karsanireku
langkung nistha inggih pun bibi
pan saking karsanira
babo putraningsun
Wong Agung alon lingira
pira kehe ta bibi kambingireki
matur nenem punika.
24. Lah ta bibi wehena ing mami
gawekena bibi bubur surba
anyar siji sadinane
ingsun lironi besuk
kambing siji sapuluh benjing
kambing pepitu iya
117