Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sahsiyar matur nembah
pun Sahsiyar ulun
kula tiyang angen menda
wastanipun bukit Surukan puniki
amba wong kawlas arsa.

18. Katur sadaya solahireki
amiwiti prapta ing wekasan
nalika duk pambektane
saking wangan ing dangu
ya ta mesem Sang Jayengmurti
heh sira tetepena
pakaryanireku
kangelanira maring wang
pasthi ana pamalesireng Hyang Widdhi
wong karya kabecikan.

19. Nora ana wong agawe becik
winalesa lawan siya-siya
apan wus ana dalile
becik amanggih ayu
heh Sahsiyar sun utang urip
aja ta walang driya
den sabar karuhun
ingsun durung pati bagas
lamun ana wedhusira salah siji
gawekna bubur surba.

20. Dimene seger sarira mami
nulya Sahsiyar andhekep menda
lajeng denira nembeleh
sigra ingolah bubur
surba mateng katur Sang Amir
sigra denira dhahar
antuk pitung suru
Wong Agung anulya nendra
sakarine bubure wus den lorodi
ulame dhinendhengan.

116