14. Ki Sahsiar dharodhog ningali
langkung hebat iki jaran apa
teka mangkono solahe
lah iya sakarepmu
kuda tunggu gustinireki
mangkana cinarita
jangkep pitung dalu
yen sore ibune prapta
lamun enjing kesahira angon kambing
sawusnya pitung dina.
15. Engetira ri Sang Jayengmurti
Ki Sahsiyar nuju neng kebonan
Wong Agung buka netrane
kadya saking aturu
kagyat ngusap kaninireki
nulya lajeng alenggah
Wong Agung angungun
waune aneng paprangan
iki teka alinggih ana ing kanthil
tur wisma lit dhedhekah.
16. Sekardiyu wruh gustine linggih
muni thakur-thakur weh isarat
kadya angundhang swarane
Sahsiyar duk angrungu
kuda muni anulya mulih
dene wus pitung dina
tan ana angrungu
mung mangkya turangga munya
sapraptane Wong Agung kapanggih linggih
Sahsiyar marek nembah.
17. Sarwi tumungkul sirahireki
Sang Jayengmurti alon ngandika
heh wong anom apa lire
tingkahira maring sun
lawan sapa namanireki
115