Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

punika wong tatu
tiba ngalang aneng wangan
ngong watara ibu puniki narpati
utawa sinatriya.

11. Mentas aprang ketaton puniki
praptanipun ing ngriki binekta
inggih dhateng turanggane
amemelas satuhu
mila arsa kula jampeni
pinten banggi yen saras
wontena sihipun
iya kulup sakarsanta
dadi ingsun kewala kang angon kambing
sira pan lagi tengga.

12. Kudanira neng ngulon nunggoni
Ki Sahsiyar lunga ngambil tamba
sagegem tinambakake
sigra bineket sampun
kang tatamba lawan jejarit
nulya busananira
rinucatan sampun
winasuh kang taber erah
ingisisan kaprajuritan sinandhing
mangkana Ki Sahsiyar.

13. Sekardiyu pan arsa giniring
sira iku lungaa marana
marang pasuketan akeh
turangga datan purun
den agagi lawan gegitik
sigra Sekarduwijan
buka netranipun
nenggih kang wonten ing jaja
pandelenge kadya netrane raseksi
macicil gilar-gilar.

114