Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

7. Sun gawane mulih wisma mami
sun tambanane lamun warasa
ing tembe ana pedahe
pamalese maring sun
yekti ana ing tembe ngakir
dene yen banjur pejah
iya nora wurung
duweke kaduwe mring wang
dene iya sun kubur ingsun resiki
dandanane akathah;

8. Ki Sahsiyar pan niyatireki
pan amangun karya kabecikan
ing batin kenceng niyate
sigra mrepeki gupuh
pinggangira cinandhak aglis
apah arsa den angkat
ginendhong kasaru
Sekarduwi mara mendhak
ambangingih Sahsiyar kendel anolih
aningali turangga.

9. Ki Sahsiyar kendel aningali
kuda iki pan idheping jalma
teka mangkene solahe
kudu ngrewangi junjung
kinuwatan ingangkat malih
kuda mendhak ing lemah
Sahsiyar agupuh
rekasa panjunjungira
inginggahken marang gigiring turanggi
apan sampun kaentas.

10. Binekta mantuk wismanireki
prapteng wisma apan wus pinarnah
ing kanthil bale jabane
biyangira amuwus
kulup sapa kagawa iki
Sahsiyar aturira

113