turanggane maksih nenggani
jetung Sekarduwijan
neng dagan atunggu
ya ta ingkang winursita
wonten dhukuh sangandhaping wukir alit
dhukuh Mendhong Surukan.
4. Wonten wismane amung sawiji
randha miskin Ni Umi Sahsiyar
satunggil jalu sutane
karyane angon wedhus
mung pepitu wedhusireki
langkung ing miskinira
randha kawlas ayun
sira Ki Jaka Sahsiyar
ing nalika wanci tengange anggiring
wedhusipun ginawa.
5. Prapteng wangan kagyat aningali
dening toyaning wangan mili rah
Sahsiyar ngungun ing tyase
mrenahken wedhusipun
Ki Sahsiyar arsa udani
kang karya mili erah
Sahsiyar mandhuwur
kagyat ningali wong rebah
ngalang wangan mentas aprang nandhang kanin
turanggane atengga.
6. Ki Sahsiyar sigra marepeki
ngiling-ilingi wadananira
mawa cahya kekuwunge
Sahsiyar ngling ing kalbu
baya raja kang tatu iki
mentas amangun aprang
kantakane tatu
raja ing ngendi ta baya
baya aprang lan balane Jayengmurti
sawusnya ngartikeng tyas.
112