Kaca iki wis divalidasi
V. Wong Agung dipun upakara dening Sahsiyar
Dandhanggula
1. Panandere turangganira Mir
sawetune saking ing paprangan
kalantur tebih tibane
manjing marang wana gung
wonten margi terusan alit
bingung Sekarduwijan
marga lit tinurut
anjog ing Bukit Surukan
wukir alit ana sendhange sawiji
wening ilining toya.
2. Sekarduwijan ningali warih
marganira anabrang wawangan
turangga kendel angombe
wong Agung maksih kukuh
asta kancing pan datan eling
tuwuk Sekarduwijan
apan arsa laju
nabrang wangan ngampat marga
wukir alit kaplorod Sang Jayengmurti
tiba angalang wangan.
3. Lir binebeg kang toya tan mili
ilining toya saking kalaban
angluberi sarirane
toya awarni marus
111