Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14. Wong Agung ing Parangteja
sabalane kuda wus den bathili
wong Ngarab sukanireku
praptane Raden Maktal
prihatine. Wong Agung dereng pinanggih
Adipati Tasikwaja
pangandikanira aris.

15. Heh Yayimas Parangteja
lah kariya tunggunen baris iki
ladenana mungsuh iku
ing aprang sawatara
ingsun arsa ngupaya rakanireku
tapake Sekarduwijan
arsa sun turut sun titik.

16. Sagunging kang para raja
marang Umarmaya samya ngabekti
sigra mesat Marmaya wus
ing wuri agung aprang
saben ari wong Ngarab tetunggulipun
Wong Agung ing Parangteja
kuneng gantya kang ginendhis.

110