Marmaya kagyat angrungu
julalatan manengah
angulati Wong Agung datan ketemu
angolak-alik bebathang
adangu datan kapanggih.
10. Dangu-dangu manggih tapak
Sekardiyu tinitik sampun mijil
saking jroning baris agung
yata prapteng raina
luwar sami kang aprang sampun akumpul
ing balane sowang-sowang
tan ana carub kang baris.
11. Wong Ngarab tan manjing kitha
dening gustinira dereng pinanggih
sami sungkawa kalangkung
sagunging kang turangga
binathilan tinugelan buntutipun
pratandhane bala Ngarab
kalamun sanget prihatin.
12. Sami ngrubung Umarmaya
tinangisan Umarmaya sru angling
lagi durung tetep iku
iya aloking mengsah
Jayengmurti tinarka yen uwis lampus
sun rurah sajroning bathang
layone datan pinanggih.
13. Kasaru ing praptanira
wadya Ngarab kang kantun kang den irid
enjang praptanira jujug
Wong Agung Parangteja
lan Marmadi panggih lan Umarmayeku
miwah sagung para raja
lajeng bantoni prihatin.
109