Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lamun sanget wuru marus
Umarmaya kapisah
Raja Bahman tedhak saking kudanipun
sarwi ngempit pedhangira
medal ing wurine Amir.

5. Wus celak sigra amedhang
saking wuri nginggil talingan keni
kagyat Wong Agung anjumbul
Bahman sampun lumajar
ngusap sirah kokotos rahira nembur
Wong Agung angungak-ungak
kang amedhang tan kaeksi.

6. Bahman sigra palayunya
niba tangi tiba kasandung bindi
kabentus ing gajah lampus
kena ing gadhing bowak
dadya ngrempong ling-alingan gajah lampus
sarwi miyat solahira
kanine sang Jayengmurti.

7. Ambeneraken makutha
kinukuhken sinindhet den taleni
ngandika mring kudanipun
Sekardiyu den enggal
wetokena saking baris kene ingsun
anjungkel sang Kakungingrat
kantaka luhur turanggi.

8. Sekardiyu gya umesat
nander medal saking jabaning baris
Sang Raja Bahman andulu
Wong Agung solahira
Panjungkele neng kuda tinarka lampus
mangkat sarwi kujengkangan
alok Ambyah wus ngemasi.

9. Gumyah sagung wadya bala
lamun Jayengmurti kalok ngemasi

108