Kaca iki wis divalidasi
IV. Wong Agung kabranan
Pangkur
1. Wadya kang keles ing prang
samya ngungsi padhanging tunggul sami
jejel ingkang maksih emut
ingkang ngungsi pepadhang
ingkang sampun lali pangamuke wuru
tan wruh ing peteng lan padhang
saking wit dhokohing jurit.
2. Saya sru pangamukira
pan Wong Agung wuru madyaning jurit
gumoh bojo pulang marus
kiyu mar astanira
saking kathah denira mateni mungsuh
mulur-mulur grananira
ilu medal saking lathi.
3. Makuthanira kagiwang
mengleng nendra ngantuk luhur turanggi
bajo teles dening marus
tumuruh mring kekapa
Jayengmurti sanget wuru datan emut
ing purwa madya wasana
ler kidul wetan tan uning.
4. Kasorotan ing pepadhang
Raja Bahman miyat Sang Jayengmurti
107