Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

29. Wonten kawan atus cengkal padhangira
barag kang wadya kapir
dening tunggulira
Prabu Hirman prabawa
wus sasat padhanging sasi
kagyat wong Ngarab
Sang Prabu Kobatsari.

30. Ingaturan dening mantrine gegawan
saking ibunireki
wong Medayin kawak
pun Seder namanira
dhuh gusti Sang Prabu Pekik
narpati jaka
abdine tur upaksi.

31. Prabu Hirman amasang tunggul wasiyat
mila padhang puniki
paduka masanga
ingkang tunggul wasiyat
tetulung sagunging dasih
pun paman Hirman
sami lan paduka ji.

32. Pan sajodhonipun kagungan paduka
tuwan babara aglis
sigra kinen babar
acahya andakara
sumilak padhang lir sasi
ping kawan welas
enggar wong Ngarab wuri.

106