24. Sangsaya sru pamuke mungsuh lan rowang
pati gagap-gagapi
bala kang katrajang
kambah kabilulungan
wau ta ingkang winarni
Tunggule Hirman
pusaka ing Medayin.
25. Saking Prabu Sarehas nalikanira
tapa aneng jaladri
sajroning kong gedhah
mentas nulya akarya
tunggul prabawa kasektin
yen dalu padhang
kadya padhanging sasi.
26. Salamine yen raina ingulesan
pinandhi den songsongi
winor upacara.
yen datan ana karya
awan nora den ungkebi
saking ulesnya
tunggul iku kekasih.
27. Kang satunggil duk Raden Kobat Sarehas
ingadekken narpati
kang eyang miy arsa
anulya kinintunan
tunggul pusaka satunggil
Kobat Sarehas
wus pinaringan waris.
28. Marang eyangira Bathara Nusirwan
satunggil neng Medayin
sinung Raden Hirman
sasele kang pusaka
binabar tunggulnya aglis
Sang Prabu Hirman
kadya padhanging sasi
105