Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19. Datan keni winuwus kehing wadya Byah
myang sagunging para ji
mungsuh seserayan
ratu kang angreh raja
Puldriyan Parisdan Sulbi
tanpa wilangan
balane angebeki.

20. Pamukira tempuh prang tabah-tabahan
tan wrin manggih pepati
riwuting paprangan
prahara haru-hara
karubiru borak-barik
gajah gelasah
kuda kedadak mati.

21. Kadya tambak bangkening turangga liman
bihal senuk lan kuldi
memreng balekdaba
unta lan adal-adal
andaka makethi-kethi
mayuta-yuta
angrob samodra getih.

22. Ngiwat-ngiwut pamuke Sang Kakungingrat
yayah andaka kanin
luwesing turangga
nenggih Sekarduwijan
pamedhange ngowak-awik
ngrampas amapas
murdaning pra dipati.

23. Pira-pira pepati timbun matambah
dening Sang Jayengmurti
sadina tan kena
uwal kang bandayuda
maksih ungkih liru titih
arok wiletan
malah wus prapteng wengi.

104