14. Kadya nacah timun ingkang munggeng tegal
pan kadya ambabadi
gedhang pagedhangan
Tamtanus sabalanya
rumeksa ing Maryunani
kuda dandanan
patang leksa prajurit.
15. Kekulambi baruti peremas waja
para mantri Yunani
sikep lembing cacap
duduk iber-iberan
angeramaken ing jurit
pyak pyuk anacap
anduduk angakahi.
16. Kadya nacah ulam loh prajurit Yunan
lir ngidak cacing luwing
ngiles-iles rayap
Sri Sayid Ibnu Ngumar
ratu pepitu ngayengi
sami nyanyuta
wadyane ratu siji.
17. Andanbilis Ancanbilis Ganjimanda
lawan Ambilaaji
Gaji Amonggora
Gorauktur taruna
pamuke angobrak-abrik
krura mabyangan
sagung para prajurit.
18. Raden Ibnujara putra Parangteja
patang leksa prajurit
miwah Umarjaman
Kohkarib raja putra
Banarungsid lan Pringadi
sugih prawira
raja putra Serandil.
103