Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. Pesating kang jemparing pan kadya jawah
tempuhing pedhang tamsir
kariciking cacap
kepruke alugora
reke kang lelayu sebit
kapyuking kantar
tempuh wor mangulabi.

10. Goraning rok ramene kadya kiyamat
ruge kang pasir wukir
bubul kadya belah
bantala ngambak-ambak
girindra yayah kagiri
angombak-ombak
sumebar kilat thathit.

11. Surem-surem surat soroting baskara
lebu mulek-muleki
maliketi kisma
racak-racak punang rah
maruta kadya nyarubi
lebu lawan rah
lesus meses mulesi.

12. Para nata samya ngawaki sadaya
Lamdahur pamuknya glis
lan punggawanira
pra dipati ing Selan
sakethi akere wesi
gajah dandanan
kang samya den titihi.

13. Kuda pitung kethi para ratu Selan
kuda peperang sami
kadya liman meta
Lamdahur pamukira
tan wruh antuke pepati
pamedhangira
kadya ngrampasi pacing.

102