4. Yen prawira kang nitih gajah sawendra
sagulma kang turanggi
dharate sakirna
sawendra sewu wendra
sagulma sakirna kethi
wala huaklam
Allah kang ngudaneni.
5. Ngawikani wewilangane kang aprang
bala Islam lan Kapir
ramening ngayuda
miwah kathahing wadya
duk prang Bakdiyatar nguni
apan tikelan
akathah kang puniki.
6. Kang kinarya tetunggule bala Ngarab
kang mangka anjenengi
bathara taruna
Prabu Kobat Sarehas
pangayape satus kethi
kabayaning prang
Raden Umaryunani
7. Ingkang mangka pangirid Sang Kakungingrat
pira-pira para ji
lir samodra bena
mungsuh tetunggulira
sira prabu nyakrawati
Sang Prabu Hirman
dene kang bebayani.
8. Sira raja Puldriyan lawan Parisdan
Bahman raja pangirid
tempuhing ngayuda
gajah apepuletan
turangga tempuh wor angrik
pan pira-pira
sagunge kang pepati.
101