Kaca iki wis divalidasi
III Perang Gebyah
Durma
1. Sareng nganduk pareng surak pareng mangsah
lir rebah kang wiyati
sagung para nata
satriya myang punggawa
ingkang wahana kudesthi
senuk lan bihal
balekdaba lan kuldi.
2. Kadya gunung rungkad ingkang alas-alas
campuh robing jaladri
jagad prakampita
ruhara pabaratan
pra samya gunge kang baris
kadya akasa
tangkeb kalawan bumi.
3. Lindhu awor prajurit kang aneng liman
prawira pitung kethi
kuda pitung yuta
dharate pitung bara
yen prawira munggeng esthi
kang pitung yuta
pitung bara turanggi..
100