34. Raja Puldriyan samya ngling
heh ta sang Bathara Hirman
tan kena tinandhing prange
bebayani raja Arab
linawan prang tunggulan
apened yen ginarubuh
prang tandhing tan wonten nangga.
35. Bala Sarkab lan Kudari
ing Kulsum lan ing Dinawar
pan akathah punggawane
prajuritipun akathah
kabeh arsa kiwula
dene ratunipun lampus
miwah ta ingkang binanda.
36. Sayekti arsa belani
sentananing para raja
kalamun wus ana pakon
Bathara Hirman ngandika
inggih ta langkung karsa
sang Raja Puldriyan gupuh
Raja Sulbi lan Parisdan.
37. Parentahe pra dipati
kang ratune kapracondhang
ngumuka bareng lan ingong
sadaya matur sandika
wau sang Kakungingrat
anguwuh aminta mungsuh
adangu tanana mangsah.
38. Obahing mungsuh katawis
oreg barise golongan
satriya myang punggawane
samya nitihi turangga
Wong Agung ngawe bala
payo barenga tumanduk
anumpes kang mungsuh bangga.
98